Jereh meh cemburu iku tandane eman, dadine ari pacar sire cemburu iku wajar-wajar bae. Tapi ari misale cemburune kejasan meh kan biase gawe mubeng ning endas. Malah ari cemburune kejasan bise-bise gawe hubungan ancur.
Toli peripen endahan hubungan ore ancur gare-gare pacar cemburu? carane ye hindari hal-hal sing bise gawe pacar cemburuan. Kenali dipit karakter pacar sire, kaye sing arep dijelasaken ning kene. Tentang 5 ciri pacar sing cemburuan. Cekidooottt...
1. Nelpon tiap saat
Ari pacar sire tiap dine nelpon cuma genah nakon, "ning endi?", "karo sape?" iku artine pacar sire tipe uwong cemburuan. Deweke pengen weruh ape sing lagi dilakoni sire kerane ore pengen sire parek karo uwong lian.
2. Ngelarang sire lelungan
Ari pacar sire sering ngelarang sire lelungan senajan karo batur-batur sire, iku cirine deweke cemburuan. Deweke bakal sewot ari sire ore nuruti ape omongane.
3. Ngecek henpon.
Pacar sering ngecek henpon, cek sms,cek kontak bbm trus nakon-nakon "iki sape?", "wong endi?","kok sire bise kenal?" lll (lan lian-liane). Iku bise manjing salah siji ciri pacar sing cemburuan
4. Gampang serik atawe sewot
Ari ore puguh-puguh pacar serik atawe sewot bise jadi ku kerane cemburu. Emang sih ore kabeh uwong bakalan ngaku ari lagi cemburu. Tapi ari tibe-tibe deweke serik lake sebab sing jelas iku bise bae kerane cemburu, mungkin deweke cemburu ngedeleng sire mention-mentionan ning twitter karo uwong lian
5. Gampang kesinggung
Misale sire ore sengaje ngomong "wuihh personil smash kuen ganteng-ganteng" trus deweke jadi serik, atawe nunjukaken sikap ore seneng. Iku tandane deweke gampang cemburuan.
Uwis dipit lah share tentang 5 ciri pacar sing cemburuan'ne, menawe bermanfaat genah sekabeh. Wassalam
0 komentar:
Posting Komentar