Diberdayakan oleh Blogger.
Home » » Waspade Serangge Tomcat Ning Cilegon

Waspade Serangge Tomcat Ning Cilegon

Written By Bahasane Wong Kene on Minggu, 25 Maret 2012 | 03.29


Serangan Tomcat sampun nyebar ning berbagai daerah. Ngedeleng fenomena iku, Dinas Pertanian lan Peternakan Kota Cilegon ngejaluk ning sedanten warge Cilegon genah waspada lan ngererati ning serangan sato beracun iku.

Kepala bidang peternakan Kota Cilegon, S. Yulfa ning Banten Pos, Kamis (22/3) negasaken ning sekabeh warga aje segen-segen ngelapor ari ane serangan Tomcat.


Hal iki dilakoni endahan pihak sing terkait bise langsung nindak nangani ari ane korban sing kene cokotan tomcat. Sato Tomcat termasuk jenis serangge sing penyebarane ore ngenal cuace lan tempat, kelawan sebab iku masyarakat dijaluk tetep waspade lan bise ngantisipasi serangge Tomcat iku.

Sementare iku, kepale bidang pemberantasan penyakit lan penyehatan lingkungan (P2PL) Dinkes Provinsi Banten, Didin Aliyudin ngejelasaken, ari ane masyarakat sing mendaki serangge Tomcat, aje dipateni kelawan dipencet, kerane racun sing ane ning serangge iku bise kenang kulit lan bise nyebabaken ngelepuh.

Tapi ari uwis kagok kecokot serangge Tomcat, kudu gancang dikumbah karo banyu lan ngenggo sabun. Toli kudu inget, aje ngegosok/ngukuri kulit sing kene cokotan iku.


Share this article :

0 komentar:

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Bahasane Wong Kene - All Rights Reserved
Template Modify by Creating Website
Proudly powered by Blogger