Mulai kaping 1 Juni 2012, sekabeh mobil plat abang (mobil dines), mobil operasional TNI lan Polri wajib ngenggo bahan bakar pertamax.
Hal iku sesuai karo ape sing diomongaken Staf Ahli Kementerian Energi Sumber Daya Mineral (ESDM) Hadi Purnomo.
"Jadi tidak hanya kendaraan operasional pemerintah saja yang wajib pakai BBM non subsidi, tetapi kendaraan operasional polisi dan TNI juga wajib." Jereh Hadi ning kantor Pertamina Pusat wingi, Jakarta, Kamis (31/5/2012).
Hadi ngejelasaken, penyebab hal iki yeiku kendaraan operasional TNI lan Polri geh termasuk aset negare. Sehingge sesuai kelawan aturan sing berlaku per 1 Juni 2012, sekabeh kendaraan pemerintahan kecuali motor wajib ngenggo BBM non subsidi.
Selain iku, Hadi geh nambahaken kudune mobil TNI lan Polri iku ngenggo BBM non subsidi sing wingi-winginane, soale hal iku emang uiws diatur sesuai karo ketetapan instansi TNI lan Polri dewek.
Sedurunge, ning acare sosialisasi stiker BBM non subsidi ning para pengusahe SPBU, emang masih wakeh para pengusahe sing masih bingung ngelaksanakaken mekanisme aturan kendaraan wajib ngenggo BBM non subsidi khususe genah mobil dinas atawe mobil TNI lan Polri.
0 komentar:
Posting Komentar